Jumat, 16 Januari 2015

Contoh PAWARTA BAHASA JAWA

PAWARTA
KACILAKAN MONTOR MABUR ING MAGETAN
Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut. Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa. Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur kasebut.









UPACARA KADANG TANI ING TANAH JAWI

Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.





Libur Lebaran, Omset Bakul Malioboro Rp 3 Yuta Sedinten


Yogyakarta, www.jogjatv.tv  _ Kajawi kangge silaturahmi kaliyan sanak sedherek, libur lebaran ugi dipun tanjakaken dening  para pemudik kangge plesir lan tumbas oleh-oleh khas Jogja. Kathahipun pemudik  ingkang dhateng  Malioboro, dados  berkah menggahing atusan bakul ing wewengkon Malioboro. Sadangunipun libur lebaran samangke, omset para bakul ing Malioboro nggayuh tigang yuta rupiyah sedinten.Sinaosa kedah sabar jalaran margi ingkang tumuju Malioboro macet, nanging kawontenan kasebat boten nyurudaken gregeting wisatawan sarta para  pemudik kangge dhateng  ing  Malioboro. Miturut  para pemudik, nalika wangsul dhusun kedah merlokaken blanja dhateng Malioboro awit cumawis maneka tandha netra ingkang reginipun mirah, antawisipun bandul kunci lan kaos.Tumrap pemudik ingkang sampun bosen tumbas  bathik kangge oleh-oleh, samangke ing Malioboro  cumawis kaos khas Jogja, antawisipun kaos seratan Jogjakarta, sarta gambar ringgit lan  kaos sarimbit, ingkang reginipun murwat. Kaos ingkang bahanipun biasa reginipun Rp 15.000, dene ingkang bahanipun katun Rp 30.000-Rp 40.000.  Para bakul ing Malioboro mratelakaken, pinuju libur lebaran samangke  kaos ingkang dipun dasaraken pajeng 100 ngantos 200 iji.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar